jika politik adalah sesuatu yang abu-abu
yang menjadi senjata para penguasa
yang menjadi sindikat pengejar harta dunia
maka aku bukanlah itu
Namun jika politik adalah pembelaan & perjuangan
yang membangunkan keberanian retorika
dan lantang meneriakkan keadilan
maka aku adalah politikus itu

Jika demokrasi adalah belenggu penjajahan
diramaikan oleh tangan-tangan gila jabatan
disetir untuk mengubur kepribadian anak bangsa
maka itu bukan tempatnya
Namun jika demokrasi adalah sebuah peluru pembebas
yang pengusungnya adalah teladan sejati
dan ideologinya menembus keangkuhan parlemen
maka itu adalah kendaraannya..

Senin, 13 Juni 2011

Kulface: Ust Bimawan SP, Piwulang Leluhur

Kulface (Kuliah Facebook) bersama Ust. Bimawan Syamsudin, S.P
Ketua Umum DPD PKS Sukoharjo.
dalam Bahasa Jawa

Piwulang para leluhur, lamun sira bisa hanutupi babahan hawa sanga mratelakake yenta sira manungsa sejati, sejatining manungsa, yekti bakal antuk kuncara.[ajaran para pendahulu kita, bila kita bisa mengendalikan nafsu yg berasal dr 9 lubang dlm tubuh kita, itu membuktikan bhw kita masih dlm fitrah manusia dan kita akn memperoleh kesuksesan].
Mripat cacah 2, diarani cendhelaning jagat. Manungsa kari milih, bakal mbuka cendhela kanggo deleng jagat kang kaya ngapa? Anutupi babahan hawa sanga ngemu surasa nutupi mripat 2 sangka pandeleng angkara.

Kuping kanthi bolongan 2 wis sakmesthine kanggo ngrungokake piwulang kan becik nora kanggo golek paitan nyatur tanggane. Anutupi babahan hawa sanga ing kene ngemu maksud nyigeg talingan sangka pangrungon angkara.

Grana uga duwe bolongan cacah loro. padha den gunakake nganggo cara ambegan kang sak mestine, kang wis digarisake pangeran. Sahingga hawa kang mlebu ana ing badan awujud hawa syukur. Anutupi babahan hawa sanga ing kene ngemu surasa nutupi grana saka hawa angkara.

lanjutan... Sabanjure tutuk. Sakjrone tutuk ana ilat kang diarani lathi. Akeh-akehe manungsa kelangan ajining diri amarga ora bisa njaga lathine, kakehan mangane, kakehan guneme. Mula anutupi babahan hawa sanga ing kene ngemu surasa nyuda dhahar lan nyigeg pangandikan kang kurang trapsila.

Sing kaping wolu, kang diarani khubul. Miturut ngendikane para winasis, "ana kono manggone underane kanikmatane suwarga donya", mula ora kena digunakake sembarang gawe, amarga bisa ngrusak tatanan. Yo tatanan masyarakat uga tatanane trahing menungsa. Anutupi babahan hawa sanga ing kene ngemu surasa kudu wani meper pepinginan nafsu syahwat marang wong lanang utawa wadon kang ora halal.

Ingkang pungkasan kang diarani dalan mburi. Sak kabehing perkara yento ditindakne ora kanthi dalan kang bener wus mesthi wuwus wekasane. Mula, anutupi babahan hawa sanga ing kene ngemu surasa nyigeg perkara kang ora halal kang disebapake salah anggone golek dalan.


Sumber: Bimawan's Facebook

Tidak ada komentar:

Posting Komentar